Minggu, 20 November 2016

Anekdot Basa Jawa

-Sekolah Rujukan-

        Ing sawijining dina, ana bocah loro kang lagi jejagongan
Agnes       : Ma, piye tugasmu wis rampung ?
Krisma      : Durung nes, isih ana sing kurang. Ya sampean wis rampung                         durung ?
Agnes       : Aku ya isih ana sing kurang ma.
Krisma      : Saking saitike tugas nganti bingung arep nggarap sing endi                        dhisik. (Karo ngguyu)
Agnes       : Hla ya, sekolah rujukan iki pancen kurang acara nganti apa-apa                  dipamerne.
Krisma      : Iya ya nes, masa saben dina mesti pameran wae nganti                jagate ambleg. Ya kuwi ndewone rujukan. :D
Agnes       : Hahaha iya ma

Strukture anegdot ing dhuwur yaiku :
Janturan/Abstraksi   : Ing sawijining dina ana bocah kang lagi                                   jejagongan bab sekolahe sing rujukan
Pawadan/Orientasi    : Ing sawijining dina, ana bocah loro kang lagi                                  jejagongan.
Prakara/Krisis           : Saking saitike tugas nganti bingung arep                                   nggarap sing endi dhisik.
Tanggapan/Reaksi      : Hla ya, sekolah rujukan iki pancen kurang                                   acara nganti apa-apa dipamerne.
Pungkasan/Koda        : Ya iku ndewane rujukan.


Senin, 15 Agustus 2016

Tugas Cerkak Basa Jawa "Sinau Basa Jawa ing Yogyakarta"

Sinau Basa Jawa Ing Yogyakarta
(Dening, Krisma Aprillia Putri)

            Wiwit esuk banget saungkere jam 3an Krisma lan Ria wis tangi. Amarga dheweke arep lunga menyang nggone mbahe sing omahe ing Yogyakarta. Krisma lunga karo mbakyune Ria. Krisma lan mbakyune kaceke mung 2 tahun, Krisma saiki umur 16 tahun senajan mbakyune umur 19 tahun. Krisma saiki sekolah ing SMAN 1 Pare lan mbakyune saiki kuliah ing Universitas Airlangga Surabaya. Mumpung padha prei kabeh Krisma lan mbakyune lunga menyang Yogyakarta nyambangi mbahe.Dheweke wis gak nyambangi mbahe ana 2 tahunan,amarga padha repot kabeh ngurusi sekolah. Saiki mumpung ana wektu longgar dheweke arep nyambangi mbahe.

            Krisma lan Ria budhal teka omah jam 4 esuk. Sak durunge budhal dheweke nyiapake klambi kanggo salin ing kana, jajan lan ngombe kanggo gramihan ing dalan, lan gula gawan kanggo mbahe. Krisma lan Ria budhal menyang Yogyakarta numpak sepur. Dheweke numpak sepur teka stasiun Kedhiri banjur mudhun ing stasiun Tugu Yogyakarta. Sak durunge budhal budhal Krisma lan Ria pamitan menyang wong tuwane “Buk, pak kula pamit nggih, nyuwun pandongane mugi diparingi slamet ngantos dugi Yogyakarta”. “Iya nduk, ati-ati ing dalan ya, aja gampang percaya karo wong sing gung kenal” pesene bapak. “Kudu bisa ngrengga praja ya nduk” sahute ibuke. “Nggih Pak, buk” sahurane Krisma lan Ria. Dheweke diterne bapake lan ibuke nganti teka stasiun Kedhiri. Ora suwi teka ing stasiun Kedhiri,sepure teka.Banjur Ria lan Krisma numpak ing sepur, bocah loro kethok padhang pikire.Ing njero sepur bocah loro nggoleki bangku sing nomere ana ing karcise. Sawise pethuk kursine banjur dheweke lungguh jejer bocah loro.Ing dalan Krisma lan Ria ndelok pemandangan sing apik banget. “Biyuh..apike mbak sawahe, ijo banget” omonge Krisma menyang mbakyune. “Iya dhek,apik banget ya sawahe gak kayak ing cedak omahe dhewe.” Jawabe Ria. “Kapan ya mbak desane dhewe bisa kayak ngene iki ?” pitakone Krisma. “Kapan wae bisa dhek. Pokokke enek niat iku panggah bisa.” Jawabe mbakyune. “Iya ya mbak, kabeh iku pancen bisa kawujud pokokke ana niat teka awake dhewe-dhewe. Tapi wong nggone dhewe akeh sing gak niat nggawe desane dhewe bisa asri ijo, adhem kayak ngene iki.” “Ya iku dhek susahe wong nggone dhewe” wangsulane mbakyune.

            Sawise omong-omongan iku mau,Krisma lan Ria padha krasa ngantuk,banjur dheweke bocah loro mau padha turu, 1 jam turu Ria tangi, tapi Krisma isik turu. Pas Ria tangi tibakna dheweke wis teka Madiun.”Bariki wis arep teka Jawa Tengah” guneme Ria. Ora suwi Krisma tangi, “Mbak iki wis teka endi mbak ?” pitakone Krisma. “Iki wis teka Madiun dhek, wis arep teka Jawa Tengah.” “Ealah, isih teka Madiun to mbak”.
            Gak krasa 7 jam ing dhuwure sepur.Ria lan Krisma wis teka ing Stasiun Tugu Yogyakarta. Ing stasiun dheweke wis dienteni karo pakdene lan budene. “Mbak sing mapak dhewe iki engko sapa?” “Pakde karo bude dhek”, “Ya pakde lan budhe ing endi mbak saiki kok gung ketok?”. “Sek to dhek,bude tak telpone dhisik.” “Iya mbak. Lhoo ya kae budhe Rahayu”. “Woo iya dhek,ayo diparani.”
“Budhe, pakdhe” tuture Ria lan Krisma karo padhang ulate. “eh.. nduk Ria,nduk Krisma. ”jawabe budhene sambi ngrangkul ponakane loro kui mau amarga wis kangen banget wis suwi gak kepethuk. “Biyuhh.. wis padha gedhe-gedhe buk ponakanmu” sahute pakdhene. “Yo wis ayo padha ndang leren nggone mbah.” Tuture budhene karo ngandheng Ria lan Krisma menyang nggon parkir mobil.Ing njero mobil Ria lan Krisma crita menyang nggone budhene bab perjalanane ndek mau. Gak suwi dheweke teka ing omahe mbahe. Jarak omahe mbahe  menyang stasiun gak adoh, jarake mung 5km.
            Sawise teka omahe mbahe dheweke kapethuk mbahe. “Mbah kung,mbah putri, aku kangen panjenengan.” Tuture Ria lan Krisma karo mlayu marani mbahe sambi ngrangkul mbahe.
“Biyuhh.. putuku wis gedhe-gedhe lan ayu-ayu.” Jawabe mbah putrine.
“Wis kendel budhal dhewe nyambangi mbahe ing kene.” Sahute mbah kakung.
Sawise omong-omongan, Ria lan Krisma adus, banjur menthong karo gudeg Yogya senengane. Sawise menthong dheweke diutus leren dhisik karo mbah kakunglan mbah putrine,amarga kesel 7 jam ana ing dhuwure sepur.

            Sesoke esuk-esuk banget dhweke wis digugah karo mbah putrine banjur dhweke tangi banjur adus. Kabeh wis padha adus banjur kabeh sarapan bareng karo sega pecel khas Yogya. Sawise sarapan, Ria lan Krisma diajak mbah kakunge menyang sanggar Budaya Yogyakarta, ing sanggar iku akeh bocah sing sinau budaya Jawa, mulai teka basa sampe seni Jawa. Mbah kakung ing sanggar iki dadi guru basa Jawa lan guru karawitan. Ria lan Krisma seneng banget bisa diajak menyang sanggar budaya, Krisma lan Ria bening atine.

            Ing sanggar budaya Ria lan Krisma nggilud kawruh basa Jawa bareng arek-arek ing kono.Ing sanggar iki ana pamblajaran basa Jawa amarga basa Jawa sakiki kalastariane mrihatinake,bocah enom-enom sakiki padha seneng nggunakake basa asing lan basa gaul. Amarga iku mau mbah kakung pingin nglestariake basa Jawa ing kalangan pemuda.

            Sing diplajari ing sanggar iki yaiku aksara Jawa,tembung saroja, tembung camboran, tembung kosok balen, basa ngoko lan krama, paribasan, bebasan, saloka, tembang-tembang, lan tembung entar.

            Ing sanggar iki plajarane sing paling disenengi yaiku bab basa rinengga, contohe basa rinengga yaiku dawa tangane,jembar dhadhane, adol gawe, abang kupinge, gedhe atine, lobok atine lan sak liya-liyane.

            Sawise sinau ing sanggar budaya Yogyakarta Ria lan Krisma mulih menyang omahe mbahe. Ing omahe mbahe dheweke krasa waleh amarga ing omah mung lungguh-lungguh wae karo ndelok tv, dheweke pingin mlaku-mlaku ngubengi Yogyakarta. Gak suwi budhene ngejak bocah loro iku mau dolan menyang Kraton Yogyakarta. “Ayo nduk cah ayu dolan menyang Kraton Yogyakarta karo budhe” tawane budhene. “Ayooo.. budhe” Jawabe Ria lan Krisma karo suara sing banter sambi dheweke mlayu arep cepak-cepak budhal. “Yo wes ayo ndang padha salin klambi!”perintahe budhene. “Nggih budhe.” Jawabe bocah loro karo semangat. Sawise Ria lan Krisma salin klambi banjur kabeh padha budhal bebarengan menyang kraton Yogyakarta.

            Ria,Krisma,lan budhene wis teka kraton Yogyakarta. Wong telu iku mau mlebu kraton Yogyakarta, Ria lan Krisma seneng banget bisa mlaku-mlaku ing Yogyakarta sambi sinau budaya lan sejarah ing Yogyakarta.Dheweke ngubengi kraton Yogyakarta sambi foto-foto ing kono. Ing kraton Yogyakarta Ria lan Krisma ketemu karo bule saka Australia, banjur dheweke foto bareng karo bule iku mau.Wis mari mlaku-mlakune ing Kraton Yogyakarta, Ria, Krisma lan budhene nerusake mlaku-mlakune menyang Malioboro. Ing Malioboro dheweke numpak becak onthel. Ing Yogyakarta numpak becak regane murah, ora kayak ing kene. Ing kono adoh karo cedhak regane gak beda adoh.

            Ing Malioboro Ria lan Krisma tuku kaos kembaran sing ana tulisane “I Love Yogyakarta”, kaos sing dituku yaiku warna putih lan ireng.Sawise blanja-blanja ing Malioboro, wong telu iku mau menyang alun-alun Yogyakarta sing panggone cidek karo Malioboro. Sawise mlaku-mlaku mubeng Yogyakarta kabeh padha balik menyang omahe mbahe.

            Ora krasa Ria lan Krisma wis ana seminggu ing Yogyakarta. Dheweke kudu mulih menyang Kedhiri amarga diluk engkas sekolahe wis padha mlebu. Bocah loro iku mau mulih numpak sepur, dheweke numpak sepur teka stasiun Tugu Yogyakarta, budhal teka stasiun jam 13.00 WIB. Dheweke diterake budhe lan pakdhene menyang stasiun.Sak gurunge mulih,dheweke pamitan disek karo mbah kakung lan mbah putrine. Teka Yogyakarta dheweke nggawa asul-asul yaiku bakpia pathok karo kaos sing dituku ing Malioboro. Dheweke mulih disangoni mbahe duwit kanggo sangu sekolahe.

            Dheweke teka ing Kedhiri jam 22.00 WIB. Dheweke dipapak bapak lan ibune ing stasiun Kedhiri. Dheweke ngrasa oleh pengalaman sing akeh ing Yogyakarta mulai saka sinau basa nganti sinau budaya-budaya ing Yogyakarta, Ria lan Krisma bungah banget mulih saka Yogyakarta. 

BUBAR
***
   


Senin, 08 Agustus 2016

Tegese Cerkak

Cerita cekak utawa cerkak yaiku mubarang bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.